TANSAH LELAYAR ING SAMODRANING JAMAN

Sagung warganing pasamuwan ingkang kinasih ing patunggilaning Sang Kristus,

Ingkang sepisan sumangga sesarengan ing pangibadah mirunggan wekdal punika kita sami ngaturaken panuwun wonten ing ngarsa Dalem Gusti kita Yesus Kristus ingkang awit keparengipun sampun nimbali, nglempakaken saha nunggil ing sauruting gesangipun Sinode GKJ ingkang kita tresnani punika wiwit 17 Februari 1931 ngantos dumugi wekdal punika 17 Februari 2011, utawi jangkep 80 taun

Miturut Buku Sejarah GKJ, wontenipun Sinode GKJ kawiwitan dening 5 klasis ingkang dumados saking pasamuwan-pasamuwan nama PASAMOEWAN GEREFORMEEDE DJAWI TENGAH ingkang selajengipun alih nami PASAMOEWAN CHRISTEN DJAWI ING DJAWI TENGAH SISIH KIDOEL inggih punika Klasis Purworejo, Klasis Kebumen, Klasis Purbalingga, Klasis Yogyakarta, lan Klasis Sala ingkang sami ngawontenaken parepatan ing Kebumen tanggal 17-18 Februari 1931. Ing dinten ingkang kapisan katetepaken Buku Piwulang Agami, Pranatan Pasamuwan, lan Buku Kekidungan Pangibadah Pasamuwan ingkang kedah kaginakaken wonten ing Pasamuwan-pasamuwan kala samanten. Awit saking punika tanggal 17 Februari katetepaken dados tanggal wiyosanipun Sinode GKJ.

Sinode GKJ dalah sagung Gereja warganing Sinode ing sauruting jaman tansah ngudi lestantuning adeg gesang dalah pakaryanipun wonten ing satengahing suka lan kaprihatosaning masyarakat ngantos dumugi ing wekdal punika.

Sinode GKJ dalah pasamuwan–pasamuwan warganing Sinode, wiwit jaman kala samanten ngantos dumugi wekdal samangke, saged ngliwati mangsa-mangsa bingah lan sisah wonten satengahing gesang bebrayan ing masyarakat Indonesia. Rikala jaman Indonesia kajajah dening bangsa Walandi wiwit wiyosipun taun 1931 ngantos jaman saderengipun Jepang ing taun 1942, Sinode GKJ dalah pasamuwan-pasamuwan GKJ gesang wonten ing satengahing masyarakat miskin, namung GKJ taksih kabiyantu sacara ekonomi dening Zending Welandi kala-samanten satemah pasamuwan saged nindakaken ayahanipun. Rikala jaman Jepang kirang langkung taun 1942 ngantos dumugi taun 1945, Sinode GKJ pinangka perangan saking pasamuwan-pasamuwan sanes wonten ing salebeting panindhesan dening bangsa Jepang, awit bangsa Jepang nggadhahi panganggep bilih tiyang Kristen utawi greja punika anthekipun Walandi. Ing jaman samaten pambiyantunipun Zending Walandi pedhot lan ing sisih sanes pasamuwan-pasamuwan dereng cumawis mandhiri. Conto ingkang gampil kangge prakawis punika kala samanten kathah Guru Injil ingkang boten nampi blanjan, satemah boten sekedhik ayahan Pekabaran Injil sami mandheg, paladosan pangrimat warga inggih kapiran. Ing jaman kemerdekaan 1945 ngantos kirang langkung taun 1955, bangsa kita nembe kemawon mardika, satemah gesanging agami-agami kalebet Kristen mirunggan malih GKJ boten dados kawigatosan mirunggan dening pihak pamarentah, awit kala samanten pamarentah nembe sanget anggenipun ngudi amrih Indonesia bangsa ingkang sampun mardika punika tetep mardika. Kala samanten kathah kraman gegayutan kaliyan kadospundi cakrik adeg kamardikan kita. Salajengipun antawis ing taun 1955 ngantos 1965, gegandhengan kaliyan Politik Orde Lama ingkang ngudi nyatunggilaken mawarni-warni golongan politik mila lajeng wonten sesanti Nasakom (nasionalisme, agama lan komunisme). GKJ pinangka perangan saking gesanging penganut agami ing Indonesia ugi saged sawatawis kaayoman satemah saged gesang tetunggilan kaliyan perangan-perangan sanes ing Indonesia. Sasampunipun taun 1965 ing pundi kala samanten wonten

kedadosan mbrastha G30S/PKI, kathah sedherek-sedherek kita ingkang kesangkut PKI (kaanggep Partai terlarang kala samanten), lajeng sami milih dados tiyang Kristen, mila lajeng kawastanan GKJ pikantuk kabegjan panen PI. Ngajengaken Orde Baru ambruk, agami asring dipun ginakaken pinangka alat politik kangge ngarah lan ugi nglestantunaken kalenggahan. Mila ing kawontenan ingkang makaten punika GKJ boten mlebet etangan kangge damel kebijakan publik. Greja asring kadadosaken tumbal. Kawontenan makaten punika lestantun dumugi sapunika, greja prasasat boten kaanggep wonten malah yen saged kabrastha saking bumi Nuswantara. Ewa samanten awit berkah lan panuntuning astanipun Gusti, GKJ taksih madeg lan makarya dumugi ing wekdal punika.

Manawi katilik saking gebyar cacah, Sinode GKJ wiwit saking taun 1984 rikala sampun ndiwasakaken pasamuwan-pasamuwan ing Sumatera iring Kidul dados Sinode GKSBS (Gereja Kristen Sumatera Bagian Selatan), Sinode GKJ nggadhahi 32 Klasis, 304 pasamuan GKJ dhiwasa, 665 papanthan, 44.722 KK, 162.575 warga Sidhi, 59.779 warga Baptis Lare, 270 Pendhita Kakung, 28 Pendhita Putri, 10 Pendhita Pelayan Khusus (PPK), ingkang sedaya punika sumebar ing 6 propinsi ing tanah Jawi. (Data Kantor Sinode September 2010). Manawi kita ngraos-ngraosaken perkawis punika sampun samestinipun manawi kita sami ngaturaken panuwun sokur.

Bapak, ibu, dalah sagung warganing pasamuwan ingkang kinasih,

Satleraman kita sampun mangertos kadospundi tuwuh lan ngrembakaning Sinode GKJ sesarengan kaliyan pasamuwan-pasamuwan ing sa Sinode GKJ ing salebeting 80 taun ingkang kapengker, sumangga kita sesarengan ngudi mangertos maknaning sejarah kala wau ing salebeting waosan Kitab Suci ing wekdal punika amrih kita saged ngrancang paladosan pinangka sarana kaleksananing ayahan timbalan kangge nglajengaken sejarah kita.

Waosan ingkang kapisan, saking Purwaning Dumadi 6:1-26, saking cariyos punika kita mangertos bilih Gusti Allah pirsa kasunyatan, bilih gesanging manungsa wonten ngarsanipun Gusti Allah pinanggih risak, bejad, lan khianat ateges kebak dosa. Sedaya perangan gesangipun manungsa boten wonten satunggal kemawon ingkang kalis saking dosa. Awit kawontenan ingkang makaten, Gusti Allah lajeng keduwung. Kagem njejegaken sipat kaadilan lan kayektosanipun, Gusti Allah ngrancang paukuman, manungsa dalah titah ing salumahing bumi badhe kabesmi. Namung ing sasisih, gandheng Gusti Allah punika inggih kagungan sipat asih, mila Nuh lan brayatipun dalah sagung sato kewan sepasang-sepasang badhe kawilujengaken. Nuh lan brayatipun kadadosaken sarana kababaring sih katresnanipun Guti Allah amrih sujarah gesangipun titah boten sirna sesarengan kaliyan paukuman. Adegipun Nuh ingkang kapiji dening Allah, punika boten nama kaleresan kemawon Gusti enget asma Nuh lajeng kapiji, nanging gesang kapribadenipun Nuh mila pantes piniji awit setya lan mursid.

Saking waosan punika kita pinangka perangan saking Sinode GKJ perlu sami ngawontenaken panitipriksa. Ing satengah gesanging bangsa negari kita ingkang kebak kadursilan kadosta korupsi, sikap diskriminatif antar agama, politik uang dalah sadaya efek negatifipun, para nem-neman ingkang sami kablusuk ing narkoba, situs-situs porno ing internet ingkang kathah dipun remeni tiyang ingkang kepingin nguja hawa nepsu, pelecehan seksual, KDRT, isue teror, perampokan, lan kathah malih tindak dursila, punapa kita pinangka pasamuwan taksih saged ngetingalaken kamursidan kita? Manawi makaten punapa kita pantes kapilih dening Allah dados sarana sih katresnanipun Allah dhateng sagung titah ing salumahing bumi?

Para sadherek ingkang kinasih,

Sesarengan kaliyan Sang Juru Mazmur wonten ing waosan Jabur 139, kita pinangka pasamuwan-pasamuan sa Sinode GKJ sami ngawontenaken mawas diri punapa ing salebeting patunggilaning pasamuwan sampun sami kaanteban bilih Gusti Allah kita punika Allah ingkang ajaib ingkang maha mirsa tumrap adeg saha suka lan kaprihatosan pasamuwan-pasamuwan. Punapa kita inggih saestu wanuh lan dipun wanuhi dening Allah medal cak-cakaning gesang masamuwan kita. Lan sasampunipun kita wanuh dhateng Gusti punapa kita ugi masrahaken ruwet rentenging pasamuwan ugi namung dhateng Panjenenganipun? Sampun 80 taun anggen kita pinangka pasamuwan-pasamuwan sasinode gesang tetunggilan kaliyan Allah. Pramila sumangga sesarengan kaliyan Sang Juru Mazmur pitados bilih pasamuwan-pasamuwan sasinode GKJ gesang lan ngrembaka namung saking sihrahmatipun Gusti Allah. Pinangka cara anggen kita mawas diri, sumangga kita pasamuwan-pasamuwan sasinode sami ngakeni bilih taksih kathah perkawis-perkawis ingkang dereng saged kita lampahi ingkang andadosaken sekel penggalihipun Gusti Allah. Timbalan pinangka juru pawartos kabar kabingahan utawi Injil dereng saged kita lampahi kanthi sae awit asring kadamel kucem dening tindak-tanduk kita piyambak pinangka tiyang pitados, semangat utawi greged nindakaken pawartos ugi asring kawon kaliyan semangat mbujeng kacekapaning hawa napsu pribadi. Samanten ugi timbalan ayahan kangge nindakaken pangrimat dhateng warganing pasamuwan inggih taksih kathah ingkang mboten kopen, sesanggen-sesanggen ing patunggilaning pasamuwan-pasamuwan sasinode inggih taksih kathah pepalangipun satemah asring kedadosan dredah ingkang wusananipun lajeng nyempal saking patunggilaning pasamuwan-pasamuwan.

Para sadherek warganing pasamuwan ingkang kinasih,

Sasampunipun kita sami mawas dhiri pinangka pasamuwan kagunganipun Gusti punapa kita sampun cocok kaliyan adeg lan karakter pasamuwan ingkang kinersakaken dening Gusti Yesus, pramila sumangga kita sami naliti waosan Efesus 4:1-6. Perangan waosan punika mujudaken pengangen-angenipun Rasul Paul anggenipun badhe mbangun pasamuwan ingkang dumados saking mawarni-warni perangan ingkang beda, namung dados pasamuwan ingkang nyawiji wonten ing patunggilaning Roh Suci.

Ayat 1, njlentrehaken bab prinsip dhasar etis inggih punika kadospundi pasamuwan kedah gesang cundhuk kaliyan timbalan. Tiyang ingkang katimbalan punika ateges tiyang ingkang dipun sengker, dipun sucekaken, mila gesang cundhuk kaliyan timbalan ateges gesang kanthi patrap suci, lan siaga ing timbalan kanthi setya.

Ayat 2, njlentrehaken bab tandha-tandha ingkang kedah katingalaken ing panggesangan sedinten-dinten kanthi andhap asor, sabar, lan sami lung-tinulung ing bot-repot.

Ayat 3-6, Rasul Paul nandhesaken kadospundi kedahipun pasamuwan-pasamuwan sami saiyeg nindakaken ayahan timbalan. Kita pinangka pasamuwan-pasamuwan ingkang katimbalan kangge nampeni karahayon, namung ugi katimbalan dados pirantos berkah karahayon dhateng tiyang sanes.

Sagung warganing pasamuwan dalah tamu pasamuwan ingkang kinasih,

Arak-arakaning pasamuwan sasinode GKJ ingkang sampun kapiji dados sarana sih rahmat dening Gusti Yesus, gesang wontening satengah-tengahing masyarakat ingkang nembe sakit. Timbalan kita inggih punika kadospundi ayahan pekabaran Injil lan ayahan pangrimat tumrap warganing pasamuwan punika saged kita tindaaken kanthi setya satemah saged dados baita ingkang kaagem dening Gustis milujengaken jagad saisinipun. Ingkang punika sumangga kita sami nggegilut waosan ingkang pungkasan inggih punika Mateus 28:16 – 20.

Ayat 16-18, pinangka perangan cariyos bab pepanggihan antawisipun para sakabat kaliyan Gusti Yesus sasampunipun wungu. Ing salebeting pepanggihan punika, seperangan sakabat sami manembah dhateng Panjenenganipun pinangka tandha anggenipun pitados lan kasetyanipun, nanging ugi wonten seperangan ingkang mangu-mangu nanggapi wungunipun Gusti. Kagem kalih perangan punika Gusti Yesus ngiyataken kapitadosanipun srana ngendika: Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi. Perkawis punika pinangka pambuka dhateng ayat salajengipun ingkang langkung wigatos awit ngemu dhawuh timbalan para sakabat.

Ayat 19-20, wonten ing ayat punika Gusti kagungan maksud ugi njlentrehaken bilih Panjenenganipun mboten badhe salaminipun gesang tetunggilan kaliyan para sakabat sacara badan wadhag. Ingkang punika kangge nglajengaken pakaryanipun, mila Gusti Yesus lajeng dhawuh dhateng para sakabat supados sami nindakaken ayahan nggelaraken Injil. Ayahan punika kaparingaken dening Gusti Yesus ingkang sampun kaparingan wewengan ingkang linangkung saking Sang Rama ing swarga.

Ayahan pekabaran pinangka salah satunggaling ayahan tumrap tiyang pitados (miturut PPA GKJ), kedah katindakaken dhateng sagung bangsa. Ayahan punika katindakaken kanthi mboten mbenten– mbentenaken golongan lan bangsa. Pinangka tandha kasiling pekabaran, punika wonten ayahan baptisan. Baptisan ingkang kadhawuhaken dening Gusti Yesus kala samanten baptisan ing asmanipun Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh Suci, mboten wonten ing asmanipun para brahala ingkang limrahipun dipun ginakaken dening para penganut kekafiran ara-ara samun.

Timbalan pekabaran punika ugi kedah kalajengaken timbalan pangrimat (Yok.21:15-21) inggih punika mulang lan ngengen para tiyang ingkang sampun sami pitados (PPA GKJ). Punika timbalan kita pinangka pasamuwan-pasamuwan sa Sinode GKJ ingkang sami mlampah sesarengan pinangka Sinode Gereja.

Pasamuwan ingkang kinasih,

Anggen kita badhe tetep nglestantunaken adeg lan paladosaning pasamuwan-pasamuwan GKJ sa Sinode, punika boten gampil. Kathah pepalang, kathah reridhu, kasekengan lan daya ingkang winates. Ananging kita pinangka tiyang pitados kanthi sesanti bilih Gusti kepareng nunggil ing sauruting gesang lan pakaryan kita, saha nampeni kasunyatan bilih Gusti Yesus ingkang sampun unggul saking panguwaosing pepeteng punika kepareng nunggil kaliyan kita, mila sumangga kita sami lelayar ing samodraning gesang bebrayan ngantos dumugi ing pungkasaning jaman. Gusti Yesus mberkahi Sinode Greja-greja Kristen Jawi. Amin.

Sumber : http://gkj.or.id

Tidak ada komentar: