PANJENENGANE IKU RUNGOKNA !

Pasamuan ingkang kinasih wonten ing patunggilanipun Gusti Yesus
Sadaya tiyang ing donya puniko langkung kathah sami remen mirengaken suwantenipun piyambak. Boten dados prakawis suwantenipun sekeca dipun pirengaken punapa boten, ananging pancen tiyang langkung remen mirengaken suwantenipun katimbang suwantenipun tiyang sanes. Tumraping tiyang ingkang mendel, boten kathal wicantenipun,boten ateges langkung remen mirengaken suwantenipun tiyang sanes.
Piyambakipun inggih temtu langkung remen mirengaken suwantenipun piyambak, sanadyan namung rengeng-rengeng. Ingkang kados makaten punika badhe ketingal nalika wonten ing salebeting rerembagan kaliyan tiyang kathah, wonten ing brayat, pakempalan panyuraos Kitab Suci, punapadene ing tengahing masyarakat… Saben tiyang darbe pikajengan suwantenipun dipun pirengaken dening tiyang sanes, awit saking punika tumrap tiyang ingkang anggadhahi pitembungan langkung kathah badhe kaginakaken kangge ngemudheni tiyang sanes. Nalika wonten tiyang ingkang mendel kasuwun pamanggihipun, piyambakipun mratelakaken isining pamanggih ingkang cengkah kaliyan pepinginanipun, piyambakipun lajeng netepaken milih mirengaken suwantenipun piyambak.

Tembung mirengaken punika tembung tanduk, dene mirengaken punika beda maknanipun kaliyan mireng. Mireng punika ngginakaken kupingipun minangka piranti ananging tanpa nyemak kanthi manahipun. Dene mirengaken badhe ngginakaken kupingipun, mripatipun, manahipun lan pamikiripun. Ananging pranyata angel kalampahanipun. Kathah pancasan utawi padamelan ingkang udhar namung karana bab boten saged mirengaken kanthi leres.

Cariyos babaring pepaken sadasa, pepaken ingkang nata gesangipun umat, kawiwitan saking patrap purun mirengaken. Kababaring cariyosipun, kangge mbekta wangsul sela ingkang ngemot pepaken sadasa wau pancen sanes bab ingkang gampil, wonten pacawisan ingkang mirunggan saking kalih pihak. Pihak saking Gusti Allah nyawisaken nem dinten kangge wawan pangandikan kaliyan nabi Musa. Pancen boten katerangaken punapa kemawon ingkang kalampah ing salebeting nem dinten wau. Nanging ingkang cetha, saking pihak Gusti Allah (ingkang Mahakawasa) boten kanthi sembranan maringaken sadasa angger-angger wau. Dene saking pihak Musa, wonten sikep sumadya mirengaken lumantar kawontenan ing salebeting swasana ening sesarengan kaliyan Gusti Allah salebeting kawandasa dinten. Angka 40 punika inggih anggadhahi makna pungkasaning pacoben lan pandadaran. Purun mirengaken punika dados cara wiwitan kangge mlebet dhateng punjeraning pirembagan.

Ing swasana ening, kadangkala negesaken boten wonten tiyang ingkang mratelakaken raos, nanging swasana ening mbetahaken kababaring tumindak. Langkung gampil boten wicanten punapa kemawon katimbang wicanten namung sacekapipun. Ingkang dipun betahaken inggih punika: menggak dhiri pribadi kangge wicanten. Inggih punika wigatining mirengaken. Makaten Dietrich Bonhofer nate ngengetaken.

“Wong kang dhemen bebarengan cikben dingati-ati tumrap ing wong-wong kang dadi patunggilane……

Dene wong kang ora dhemen bebarengan cikben ngati-ati tumrap ing awake dhewe.

Saben kahanan mangkono iku padha nduweni bebayane dhewe-dhewe.

Wong kang duwe pepenginan ing sajroning pasrawungan bakal lumebu ing kahanan kang sepi. Kosokbaline, wong kang ngudi urip dhewe bakal nemahi tiwas sajroning gumunggung, tresna awake dhewe lan pepes ing pangarep-arepWonten ugi paribasan, wong kang mbukak cangkem, wong iku kang merem. Yen makaten teges lan maksudipun ening inggih punika supados kita saged sumerep lan mirengaken kanthi leres. Wonten ing Kitab Suci, kathah ingkang kapratelakaken bilih kabodhoan punika ajeg magepokan kaliyan tutuk lan anggenipun boten saged mekak ilatipun piyambak

Nalika Gusti Yesus ngajak Petrus, Yakobus lan Yokanan dhateng sanginggiling redi lan sami nekseni Gusti kamulyakaken lan wawan pangandikan kaliyan nabi Musa tuwin nabi Elia, Perus munjuk atur: “Menawi Paduka karsa, kula badhe ngadegaken tarub…” (Matius 17: 4), Pitembunganipun Petrus punika nelakaken sinten Petrus punika. Boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ngajak wicantenan, awit wekdal samanten nembe lumebet ing swasana mirunggan lan Gusti santun pasuryanipun, satemah kawontenanipun sinawang wigati sanget, ananing Petrus sumela atur, nguningakaken atur ingkang boten jumbuh kaliyan kawontenan lan wekdalipun. (Sabab dheweke ora ngerti apa kang dikandhakake….Lukas 9: 33)

Wonten perangan sisih sanes ingkang njalari kita boten saged mekak ilat ngemudheni dhiri inggih punika rumaos boten gadhah daya. Karana kita sampun kulina ngginakaken tembung lan ukara kangge nguwaosi tiyang sanes. Kita saged ngluntakaken pitembungan ingkang kathah pamrihipun supados katampi dening tiyang sanes, tuwin kangge ambangun citraning dhiri. Kita rumaos ajrih dhateng pamanggih ingkang awon saking tiyang sanes, satemah kita lajeng ngleresaken satunggaling pamanggih kanthi tembung ingkang kathah, kita lajeng kapengin suka katerangan kangge nelakaken bilih kita punika satunggaling tiyang ingkang pinitadi lan sae.

Pranyata satunggaling cara kangge ngendhaleni, boten kathah wicantenan inggih punika kanthi mendel. Mendel inggih dados cara ngaturi papan kagem Gusti supados Gusti mbabaraken caranipun lan kita inggih ngaturi dhateng Gusti supados mbelani prakawis kita. Ilat punika inggih saged kadosdene thermometer, ilat badhe nyumerepaken temperature rohani. Dene ngendhaleni ilat badhe memulang supados ngendhaleni kathah prakawis.

Pasamuwan ingkang kinasih,

Asring kalampahan ing gesang kita padintenan, nalika kita mangu-mangu, ajrih, sampun temtu kita lajeng ndedonga, pitaken dhumateng Gusti, nggresula, lajeng nyuwun margining pangluwaran. Anaging Gusti dereng enggal mitulungi paring seserepan dhateng kita, kita sampun mlajar netepaken margi kangge kita piyambak. Kita asring boten nggatosaken reroncening pepenginan kita. Nalika kita ngalami kasisahan tumraping tumindak ingkang boten adil, tumrap kawontenan ingkang njalari kita kepepet, kita rumaos gadhah pancadan kangge nglampahi ingkang kita kajengaken tanpa wangsul pitaken dhumateng Gusti Allah malih. Gampil tumrap kita mbelani dhiri kanthi nindakaken kathahing damelan tanpa ngengeti malih dhateng paugeraning kautamen. Ingkang kita dadosaken pancadan inggih punika: wis cukup anggonku prihatin lan sangsara, apa kalakon yen Gusti remen mirsani putrane sajroning kasangsaran…? Punapa malih yen pepeinginan kita kasengkuyung dening tiyang kathah, kanthi apatrap atasnami kapentingan umum, sadaya pandonga kita boten wonten bedanipun kaliyan satunggaling palapuran padintenan lan Gusti kedah minangkani.

Sajakipun punapa ingkang kalampah wau boten namung katindakaken dening tiyang satunggal, asring ing salebeting patunggilaning pasamuwan, lembaga/bebadan, yayasan, sami nengga wangsulan saking Gusti Allah lan nekseni kalampahaning pakaryanipun Gusti, punika dipun anggep minangka sikep ingkang mendel kemawon, awit saking punika lajeng ngupadi wangsulan piyambak, ngrumiyini cara ingkang badhe katindakaken dening Gusti. Satemah menawi boten wonten pepalang lajeng kaanggep bilih Gusti temtu nyarujuki.

Kadosdene kita nguningakaken rancangan, pepinginan, kita boten lajeng pitaken malih dhumateng Gusti magepokan kaliyan ingakng badhe kalampahan, sae lan botenipun, nanging kita namung nyuwun katetepan saking Gusti, boten badhe ngetang sarujuk punapa boten, punika boten penting, awit kita rumaos bilih Gusti anganthi salebeting lampah kita. Lajeng kita ngaken: “Aku wis ndedonga!” menawi kawusananipun wohing pandamel wau boten kados ingkang kita sesuwun, lajeng kita nyaruwe Gusti. Kadospundi dene ingkang kalampahan makaten? Punapa punika sanes peparing Paduka? Kenging punapa kados makaten?

Pasamuwan ingkang kinasih,

Nguningakaken pitakenan, lajeng mendel kangge mirengaken pitedahipun Gusti, saestunipun punika ingkang kedah kita tindakaken kangge nengga wangsulan. Nanging ingkang asring kalampah kita namung nguningakaken rancangan-rancangan kita ingkang miturut panganggep kita sampun trep. Tanpa mbudidaya ngupadi larasing panyuwunan kita kaliyan karsanipun Gusti, punapa prayogi punapa mbangun. Mendel kangge mirengaken, badhe mitulungi kita supados wicaksana lan medal dados pemenang tumrap sadaya prakawising gesang. Mbangun larasing gesang punika boten namung ngginakaken otak sisih kiwa ingkang nyambut damel, kanthi nenimbang manut ing nalas lan saged nampeni sadaya pambudidaya tumuju dhateng kasembadaning sedya, ananging kita ugi inggih mitulungi pangolahing utek ingkang wonten ing sisih tengen kangge mapanaken kaendahan, raos, lan babagan seni. Gesang ingkang selaras ateges gesang boten ngupadi moncering asma ing tengahing pasrawungan, inggih boten kangge gumunggunging karohanen lan tresnaning dhiri.

Ing wekdal kita mendel, kita saged ningali dhiri pribadi, kita saged naker sapinten tembung-tembung ingkang kedah kita ginakaken, satemah kita saged mbabaraken kanthi trep. Kagatosna caiyos punika:

… wonten satunggaling bulus ingkang crigis, tansah nyaruwe punapa kemawon ingkang dipun sumerepi, dipun raosaken, bulus punika boten ndarbeni cara kangge nyimpen wadi, karana ingkang wonten ing pikiranipun tansah kaucapaken… nalika ing satunggaling mangsa bedhidhing, piyambakipun muwun, nggresula karana boten wonten kangge papan kangge ngangetaken. Kapinujon wonten peksi kuntul kalih ingkang sae manahipun, piyambakipun sami badhe mitulungi bulus wau kangge mbekta dhateng papan ingkang anget, nanging kedah wonten syaratipun inggih punika: bulus boten kepareng wicantenan. Kanthi wongsal-wangsul bulus wau nandhesaken bilih boten badhe nyuwanten lan minangkani, bilih piyambakipun badhe minangkani, sasampunipun sarembag, peksi kuntul wau nyuwuwn supados bulus nyokot pang, dene pang wau ing sisih pinggir sami dipun cokot dening kuntul wau lajeng dipun angkat lajeng tumuju dhateng papan anget. Bulus wau inggih lajeng nyokot pangipun tumunten lajeng tumut mabur. Sasampunipun ndedel manginggil, wonten satunggaling truwelu ingkang nggegujeng,” “he delengen si bulus kang bodho bisa mabur..! ana bulus kang bodho!!

Mireng pangucaping truwelu kala wau ndadosaken manahipun bulus dados benter, bulus tanpa saged mekak ilatipun malih lajeng nyaut, “apaaaaaaaa....?” (gedubrak..!)

Bulus ingkang suwau badhe ngraosaken papan ingkang langkung anget lan mulya, dumadakan dawah, nemahi pejah………

Para sedherek ingkang kinasih,

Madeg dados tiyang ingkang cepet tanggap wonten mangsanipun inggih ngremenaken, ananging badhe langkung wicaksana malih yen kita purun mirengaken, manggalih saderengipun dados satunggaling pancasan.

Awit saking punika,murih sae lan wilujenging lampah kita, sumangga sami mirengaken Panjenenganipun! Amin.

Sumber : http://gkj.or.id

Tidak ada komentar: