ALAMAT REDAKSI

PO.Box 118 Temanggung 56200
JAWA TENGAH - INDONESIA
HP/SMS/WA.085228085470

CP: Pdt. HOSEA AGUS SUSANTO,S.Pd.K

TRESNA ING SESAMI

No Comments

Maos: Mateus 7:21—29

Nats. Ay. 21,

“Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku, Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane Rama-Ku kang ana ing swarga.”

Wonten lalampahan ingkang kirang limrah nanging nyata, inggih punika satunggaling sona ingkang gesang kaliyan kucing. Kekalihipun punika babon ingahan kula ingkang sami gadhah anak ingkang cacahipun kathah. Supados saged nesepi, babon kekalih punika asring nilar anak-anakipun pados tedha. Nggumunaken, manawi si kucing pados tedha, si sona mboten kesah, nanging mendheti para cemeng wau, lajeng kakempalaken kaliyan anak-anakipun piyambak supados saged nyesep susunipun. Wusana anggenipun sami ageng ngantos murak lan pejah, si sona lan si kucing dalah para anakipun saged gesang sesarengan kanthi rukun; kapara dados kanca gegojegan.

Para sadherek, sona lan kucing punika jinis sato ingkang beda; dene padatanipun tansah bekenengan lan memengsahan. Nanging kasunyatan punika nedahaken prakawis ingkang ngemutaken dhateng kita. Sinaosa beda, ananging saged gesang sasarengan kapara nindakaken katresnan ingkang angel tinampi ing nalar.

Kados pundi menggah gesang kita? Sinaosa sami manungsanipun ananging sami dene dhemen sengit lan memengsahan. Satunggal lan satunggalipun remen ngawon-awon; sajak sampun dados tiyang ingkang langkung sae lan suci. Sadherek, manawi gesang kita makaten, ateges kita sampun tumindak dora, wusana mesthi mboten cinadhangan papan mulya ing ngarsanipun Pangeran. Sinaosa sadinten-dinten ngabekti lan jangkep nindakaken wewaleripun, nanging yen boten nandukaken dhawuh katresnan kados ingkang dados karsanipun, estunipun sadaya wau muspra.

Ing dinten punika Gusti paring pangandika, sumangga kita estokaken dhawuh punika, dadosa beda pakulitan lan paugeran, lss; mirunggan dhateng tiyang ingkang katindhes, ringkih, sekeng lan miskin, lsp. Amin.

Donga: Gusti, kasagedna kawula nresnani sesami kados karsa Paduka.

Sumber: www.gkj.or.id